Postingan

Menampilkan postingan dengan label GEGURITAN

KATRESNAN JATI

katresnan sejati iku mung ngayawara Rama tegel merjaya Shinta ing pati obong (mung kanggo bukti sihing tresna) Yen ngono katresnan jati iku lelandhesan cubriya??? dudu.... dudu.... kaca benggala sing salah kaca benggala sing bubrah nanging ngapa isih kaanggep omah kanggo ngeyup pepayung langit biru kanggo lelumban ing samudra biru marang jalma kang ketaman ati biru? katresnan jati iku kadya caritane lelembut kerep den blabarake angel den sunyataake katresnan jati nora nyawang sendanging tirta nyemplunga saraga jiwa... http://numpank-ink.blogspot.com"> Sumber: wonosari.com

GODONG GARING (RON)

Wengi sansaya atis nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan kang digawa dening angin prasasat tan kendhat anggonku kulak warta adol prungu ananging isih mamring aku wis pingin cecaketan obormu kang makantar- kantar madhangi jangkah lan jagatku ana ngendi papanmu lelana tapa brata tanpa pawarta tanpa swara aku kadya ron garing kumleyang kabur kanginan ing jagat peteng lelimengan krasa luwih abot anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep mlakuku ora mantep kagubet ribet lan ruwet adoh saka cahyamu pedhut ing sakindering pandulu panjenengan guruku, sihku, oborku kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati... Cyber Alaska Mobile Blog's http://numpank-ink.blogspot.com/2012/03/godong-garing-ron.html?m=1"> sumber: http://www.budhisetyawan.wordpress .com