GODONG GARING (RON)

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing
sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol
prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-
kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina
ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering
pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab
katresnan sajroning ati...
Cyber Alaska Mobile Blog's
http://numpank-ink.blogspot.com/2012/03/godong-garing-ron.html?m=1">
sumber: http://www.budhisetyawan.wordpress
.com

Komentar

Postingan populer dari blog ini

seo | search engine optimization

Cara download vidio di youtube dengan hp