KATRESNAN JATI

katresnan sejati iku mung
ngayawara
Rama tegel merjaya Shinta ing
pati obong
(mung kanggo bukti sihing
tresna)
Yen ngono katresnan jati iku
lelandhesan cubriya???
dudu.... dudu....
kaca benggala sing salah
kaca benggala sing bubrah
nanging ngapa isih kaanggep
omah
kanggo ngeyup pepayung
langit biru
kanggo lelumban ing samudra
biru
marang jalma kang ketaman
ati biru?
katresnan jati iku kadya
caritane lelembut
kerep den blabarake
angel den sunyataake
katresnan jati nora nyawang
sendanging tirta
nyemplunga saraga jiwa...
http://numpank-ink.blogspot.com">
Sumber: wonosari.com

Komentar

Postingan populer dari blog ini

seo | search engine optimization

Cara download vidio di youtube dengan hp