OJO DUMEH

dadi manungsa kuwi sing
paling utama, aja sok
ngendel-endelake
samubarang kaluwihane. Apa
maneh mamerake kasugihan
lan kapinterane. Yen
anggone ngongasake dhiri
mau mung winates ing lathi
tanpa bukti, dhonge pakarti
kaya mangkono iku yo bakal
ngengon awak-e dadi salah
sawijining manungsa kang
ora aji...
Luwih prayoga turuten kae
pralampitane tanduran pari..
Pari kang mentes kuwi yo
mesthi bakal tumelung, lha...
kang ndhongak mracihnani
yen pari kuwi kothong tanpa
isi...
hehehehe malah dadi cengengesan tow, aku...
Gludak-gludak...
Byur

>>>
Aja dumeh mujudake pitutur
luhur warisane para leluhur
lan pinisepuh kang ngemu
teges supaya jalma manungsa
utawa titah sewantah anggone
nglakoni penguripane ana ing
alam donya ora ngendelake
aji mumpung. Dumeh,
mujudake kahanan kajiwan
kang njalari sawijining
pawongan nggunakake
kesempatan(aji mumpung)
kanggo kepentingane dhewe
tanpa ngelingi sak padhane
urip. Kesempatan kasebut ing
ndhuwur bisa maujud drajat,
pangkat, bandha donya,
panguwasa, ilmu linuwih,
kebagusane rupa lan liyane.
Ing donya Eropa utawa dunia
barat uga nduweni sanepa
“power tends to corrupt” kang
nduweni teges yen kuwasa
bisa njalari wong kang nyekel
kuwasa kuwi nylewengake
kekuwasaane kanggo
kepentingane pribadhi lan
ngianati marang wong kang
ngamanati .
Wong urip mono kudu tansah
eling marang kang nitahake
urip ing alam donya, kudu
tansah mawas marang
sangkan paraning dumadi.
Seko ngendi bibit kawite urip,
ana ngendi saiki dumunung
lan papan ngendi kang
tembene bakal dituju.
Kahanan kang bisa direngkuh
ora kena njalari lali marang
kodrate minangka kawulane
Gusti. Kanthi mengkono sifat
aja dumeh bisa njalari wong
tansah eling marang asal-
usule, sahengga ora nglali yen
apa kang diduweni mung
minangka titipan utawa
amanate kang gawe urip.
Sikep ini bisa nyurung supaya
manungsa tansah nyukuri
peparingane Gusti, kanthi
nggunakake peparingane mau
kanggo nyengkuyung
kewajibane minangka
khalifahe Gusti ing alam
donya, kang nduweni
kewajiban memayu hayuning
bawana.
Kahanan urip kang dilakoni
manungsa kena digambarake
kaya dene cakramanggilingan
utawa rodha kreta, kang ana
sakperangane rodha
sakwijining wektu mapan ing
dhuwur nanging ing kala
wektu liyane ganti mapan ing
ngisor. Urip mujudake ganti
gumiliring nasib. Mula saka
kuwi nalikane wong lagi
nduweni nasib kang apik ora
kena gumedhe lan umuk
marang sak padha-padha lan
nalikane ngalami nasib kang
ala uga aja nglokro utawa
mutung.
Kadangkala wong urip
diparingi kanikmatan kang
tanpa kinira. Ana ing kahanan
iki pitutur aja dumeh trep
banget kanggo diamalake.
Wong kudu tansah syukur lan
uga kudu loma marang sak
padhaning urip, ora kena
umuk lan gumedhe nanging
kudu tansah bisa sakmadya
lan andhap asor.
Ana uga kahanane urip kang
lagi diparingi pacoban nganti
kadangkala wong sing
rumangsa ora kuwat nglakoni
kahanan mau nduweni
panganggep yen donyane wis
kiamat. Ngadepi kahanan
mengkene, manungsa kudu
tansah pasrah sumarah
marang kang gawe urip lan
sabar anarima ing pandum.
Manungsa kudu nduweni
keyakinan yen pacoban mau
uga mujudake wujud
katresnane Gusti kanggo
nggembleng manungsa supaya
tatag lan tanggon anggone
nglakoni uripe.
Aja dumeh ngajarake
manungsa tansah mawas diri
lan nduweni keyakinan kang
kuat menawa urip ing alam
donya iki mung sakwetara
mampir ngombe. Kabeh
lelakone urip mujudake proses
kang ora langgeng lan kabeh
bakale dijaluk
pertanggungjawabane mbesuk
ing alam akherat.
Sifat utawa watak aja dumeh
bisa diwedhar kanthi pitutur
kayadene:
1.Aja dumeh kuwasa,
tumindake daksura lan
daksiya marang sakpadha-
padha.
2. Aja dumeh pinter, banjur
tumindak keblinger.
3. Aja dumeh sugih, banjur
tumindak lali marang wong
ringkih.
4. Aja dumeh menang,
tumindake sak wenang-
wenang.
5. Aja dumeh bagus, banjur
gumagus.
6. Aja dumeh ayu, banjur
kemayu, lan sakpiturute.
“Nyawa mung gaduhan,
bandha donya mung
sampiran”, mengkono pituture
para winasis. Kanthi
mengkono sejatine manungsa
urip ing alam donya ora duwe
apa-apa. Kayadene nalika
dilahirake manungsa ora
nggawa apa-apa, smono uga
mengko yen wis tumeka titi
wancine sowan ing ngarsa
Gustine uga ora sangu apa-
apa. Dadi apa kang bisa
diumukake manungsa?


Ngaleh Anggon
<>

Komentar

Postingan populer dari blog ini

seo | search engine optimization

Cara download vidio di youtube dengan hp